TATA
UPACARA MIGUNAKAKE BASA JAWA
Upacara pengetan ambal
warsa Kota Mungkid kaping 32 dinten Selasa, Surya 23 Maret 2016 enggal kawiwitan.
1.
Para
pangarsaning barisan sami nyamaptakaken barisanipun sowang-sowang....
(SIYAGA GYA)
2.
Manggala bergada
prapta ing sasano upacara.
3.
Pakurmatan dhumateng
manggala bergada kapandhegani dening pangarsan ing barisan ingkang dumunung wonten
tengen piyambak.
DHUMATENG
MANGGALA BERGADA…. KARTISAMPEKA, GYA
4.
Palaporan pangarsaning
barisan dhumateng manggala bergada…
1. LAPUR
BARISAN KELAS PITU SAMPUN SAMAPTA
2. LAPUR
BARISAN KELAS WOLU SAMPUN SAMAPTA
3. LAPUR
BARISAN KELAS SANGA SAMPUN SAMAPTA
MANGGALA
BERGADA ------- WANGSUL WONTEN BARISANIPUN SOWANG-SOWANG
5.
Sesepuh upacara prapta
ing sasana upacara, barisan kasiyagakaken.
SIYAGA…
GYA
6.
Pakurmatan umum dhumateng
sesepuh upacara kapandhegani dening manggala bergada
DHUMATENG
SESEPUH UPACARA… KARTISAMPEKA… GYA
7.
Lapuran manggala
bergada dhumateng sesepuh upacara bilih upacara sampun siyaga kawiwitan.
LAPUR, UPACARA PENGETAN
AMBAL WARSA KOTA MUNGKID SAMPUN SIYAGA KATINDAKAKEN
8.
Ngeningaken cipta
kapandhegani dening sesepuh upacara.
9. Waosan
teks pambukaan UUD 1945.
10. Waosan
teks Pancasila.
11. Tanggap
wacana dening sesepuh upacara, barisan kasumenekaken.
LEREM
SAHANA…. GYA
12. Nyekar
Lagu Nasional saha lagu dhaerah
13. Waosan
donga
14. Lapuran
manggala bergada dhumateng sesepuh upacara bilih upacara sampun paripurna.
LAPUR, UPACARA PENGETAN
AMBAL WARSA KOTA MUNGKID SAMPUN KATINDAKAKEN
15. Pakurmatan
umum dhumateng sesepuh upacara kapandhegani dening manggala bergada
DHUMATENG
SESEPUH UPACARA… KARTISAMPEKA… GYA
16. Sesepuh
upacara jengkar saking sasana upacara
17. Upacara
sampun purna, bergada dipun sumenekaken.
siap = siyaga....
gerak = gya,
siap ...gerak [siyaga...gya]
tegaaaak...geraaak = sigeeeeg...gya
siaaaaap...geraaak = siyagaaa...gya
istirahat ditempat...geraaak = lerem sahana....gya
hormaaaat...geraaak = Kartisampeka...gya
lencang kanan...gerak =
godhak sahasta...gya
½ lencang kanan...gerak = sepalih godhak sahasta...gya
Balik kanan gerak = balik kawuriii...gya
Hadap Kanan Grak... = Madhep manengen gya
Hadap Kiri grak... = Madhep mangering gya
Belok kanan maju
jalan... = Lumaksana manengen gya
Maju jalan grak... =
Lumaksana magita-gita gya
Bubar jalan = bibar sesarengan gya
Maju/mundur 1,2 langkah = maju/mundur
1, 2 jangkah
Menawi wonten ingkang klentu mangga dipunleresaken. Nuwun
BalasHapusmboten wonten ingkang klentu.. awit Mungkid, Magelang basanipun sampun campuran Surakarta kaliyan Ngayogyakarta. Tuladhanipun, 'siap - gerak = siyaga-gya (Ngayogyakarta), siyaga-tandya (Surakarta)''Istirahat di tempat - gerak = lerem sahana- tandya (Surakarta)lsp. Mugi saged nambah seserepan kita sadaya lan saged kagem sinau para mudha ing tanah Jawi utaminipun. Nuwun.
HapusSae lan migunani. Matur nuwun Bapa Rusman. Mugi bagas kasarasan tansah kasalira panjenengan , begja mulya tansah tumanduk dateng kula lan panjenengan.
BalasHapusIdin share punapa pikantuk?
BalasHapusPunika tata Sikep Baris saking Karaton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Radi benten kaliyan Tata Sikep baris gaya Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat.
BalasHapusPunika tata Sikep Baris saking Karaton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Radi benten kaliyan Tata Sikep baris gaya Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat.
BalasHapusKasinggihan Ibu Nur Ekayanti. Panci radi benten... Kasunanan Surakarta Hadiningrat kaliyan Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Ingkang baken kagem nguri-uri Basa Jawai, utaminipun kagem para mudha taruna.
Hapus