Kamis, 17 Maret 2016

TATA UPACARA MIGUNAKAKE BASA JAWA AMBAL WARSA KOTA MUNGKID



TATA UPACARA MIGUNAKAKE BASA JAWA

Upacara pengetan ambal warsa Kota Mungkid kaping 32 dinten Selasa, Surya 23 Maret 2016 enggal kawiwitan.
1.        Para pangarsaning barisan sami nyamaptakaken barisanipun sowang-sowang....
(SIYAGA GYA) 
2.        Manggala bergada prapta ing sasano upacara.
3.        Pakurmatan dhumateng manggala bergada kapandhegani dening pangarsan ing barisan ingkang dumunung wonten tengen piyambak.
DHUMATENG MANGGALA BERGADA…. KARTISAMPEKA, GYA 
4.        Palaporan pangarsaning barisan dhumateng manggala bergada…
1.      LAPUR BARISAN KELAS PITU SAMPUN SAMAPTA
2.      LAPUR BARISAN KELAS WOLU SAMPUN SAMAPTA
3.      LAPUR BARISAN KELAS SANGA SAMPUN SAMAPTA
MANGGALA BERGADA ------- WANGSUL WONTEN BARISANIPUN SOWANG-SOWANG
5.        Sesepuh upacara prapta ing sasana upacara, barisan kasiyagakaken. 
SIYAGA… GYA
6.        Pakurmatan umum dhumateng sesepuh upacara kapandhegani dening manggala bergada
DHUMATENG SESEPUH UPACARA… KARTISAMPEKA… GYA
7.        Lapuran manggala bergada dhumateng sesepuh upacara  bilih upacara sampun siyaga kawiwitan.
LAPUR, UPACARA PENGETAN AMBAL WARSA KOTA MUNGKID SAMPUN SIYAGA KATINDAKAKEN
8.        Ngeningaken cipta kapandhegani dening sesepuh upacara.
9.    Waosan teks pambukaan UUD 1945. 
10.    Waosan teks Pancasila. 
11.    Tanggap wacana dening sesepuh upacara, barisan kasumenekaken.
LEREM SAHANA…. GYA
12.    Nyekar Lagu Nasional saha lagu dhaerah
13.    Waosan donga
14.    Lapuran manggala bergada dhumateng sesepuh upacara bilih upacara sampun paripurna.
LAPUR, UPACARA PENGETAN AMBAL WARSA KOTA MUNGKID SAMPUN   KATINDAKAKEN
15.    Pakurmatan umum dhumateng sesepuh upacara kapandhegani dening manggala bergada
DHUMATENG SESEPUH UPACARA… KARTISAMPEKA… GYA
16.    Sesepuh upacara jengkar saking sasana upacara
17.    Upacara sampun purna, bergada dipun sumenekaken.





siap                                          = siyaga....
gerak                                       = gya, siap ...gerak [siyaga...gya]
tegaaaak...geraaak                   =  sigeeeeg...gya
siaaaaap...geraaak                    =  siyagaaa...gya
istirahat ditempat...geraaak     =  lerem sahana....gya
hormaaaat...geraaak                =  Kartisampeka...gya
lencang kanan...gerak              =  godhak sahasta...gya
½ lencang kanan...gerak          =  sepalih godhak sahasta...gya
Balik kanan gerak                   =  balik kawuriii...gya
Hadap Kanan Grak...              =  Madhep manengen gya
Hadap Kiri grak...                   =  Madhep mangering gya
Belok kanan maju jalan...        =  Lumaksana manengen gya
Maju  jalan grak...                   =  Lumaksana magita-gita gya
Bubar jalan                              =  bibar sesarengan gya
Maju/mundur 1,2 langkah       =  maju/mundur 1, 2 jangkah

7 komentar:

  1. Menawi wonten ingkang klentu mangga dipunleresaken. Nuwun

    BalasHapus
    Balasan
    1. mboten wonten ingkang klentu.. awit Mungkid, Magelang basanipun sampun campuran Surakarta kaliyan Ngayogyakarta. Tuladhanipun, 'siap - gerak = siyaga-gya (Ngayogyakarta), siyaga-tandya (Surakarta)''Istirahat di tempat - gerak = lerem sahana- tandya (Surakarta)lsp. Mugi saged nambah seserepan kita sadaya lan saged kagem sinau para mudha ing tanah Jawi utaminipun. Nuwun.

      Hapus
  2. Sae lan migunani. Matur nuwun Bapa Rusman. Mugi bagas kasarasan tansah kasalira panjenengan , begja mulya tansah tumanduk dateng kula lan panjenengan.

    BalasHapus
  3. Punika tata Sikep Baris saking Karaton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Radi benten kaliyan Tata Sikep baris gaya Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat.

    BalasHapus
  4. Punika tata Sikep Baris saking Karaton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Radi benten kaliyan Tata Sikep baris gaya Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat.

    BalasHapus
    Balasan
    1. Kasinggihan Ibu Nur Ekayanti. Panci radi benten... Kasunanan Surakarta Hadiningrat kaliyan Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Ingkang baken kagem nguri-uri Basa Jawai, utaminipun kagem para mudha taruna.

      Hapus

luvne.com resepkuekeringku.com desainrumahnya.com yayasanbabysitterku.com