Rabu, 16 September 2015

MATERI LOMBA GEGURITAN



WUTAH GETIHKU
Dening : Mahardono Wuryantoro

Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare bagaskara
Padhang sumilak hanelahi jagad nuswantara
Bumi pusaka wus kawentar,
Ombak-ombak samudra,
Kencana kang ngrenggani,
Wutah getihku daktresnani
                           Kawulamu …
                           Guyub rukun nyambut kardi
                           Jroning swasana tentrem lan merdika,
                           Giliging tekad manunggal,
                           Cumithak jroning ati,
                           Bebarengan ambangun,
Aku lila …
Korban jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur.
Lan getihku mblabar mili,
Netes ing bumi pertiwi,
Labet raharjaning nagara,
Lumantar iki …
Isining atiku ginurit,
Prasetyaku thukul saka ati kang tulus,
Njaga langgenging kamardikan,
Donga pujiku kebak kaendahan,
Kanggo wutah getihku

--------------------------------------------------------------------------------------

Prisani Ugi Rafting Dwija Bahasa Jawa Kab. Magelang KLIK MRIKI

0 komentar:

Posting Komentar

luvne.com resepkuekeringku.com desainrumahnya.com yayasanbabysitterku.com