Minggu, 20 Maret 2016

Doa Basa Jawa Pengetan Ambal Warsa Kota Mungkid



اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَا
بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْ
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.

Kanti nyebut asma Allah ingkang maha mirah lan maha asih, sedaya pangalembana namung kagunganipun Allah SWT ingkang ngratoni ing dinten piwales,   puji syukur konjuk dhumateng ngarsa panjenengan ingkang sampun paring kawilujengan saha kesarasan sahengga kita saged ngadani upacara pengetan ambal warsa Kota Mungkid ingkang kaping 32 dinten menika.
Ya Allah Mugi  Panjenengan limpahaken shalawat dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW. Saha keluwarganipun, Mugi kanti barokah shalawat menika panjenengan paring kebebasan dhumateng kula sedaya saking bebendu wonten ing ndunya kelawan akhirat.  
 
Dhuh Gusti ingkang maha suci lan maha wikan.

Paringana kita tambahan ilmu ingkang migunani kangge kula ,siswa-siswi kula, negara lan bangsa kula, saha dadasna SMP Negeri 2 Kaliangkrik menika dados pawiyatan ingkang sae saha saged ngedalaken siswa-siswa ingkang berprestasi saha berakhlak mulia.
Dhuh Gusti ingkang maha mirah saha maha asih
Dinten menika ambal warsa kota mungkid ingkang kaping 32, mugi mugi kanti pengetan menika ndadosna Kota Mungkid khususipun saha Kabupaten Magelang umumipun dados dhaerah ingkang gemah ripah loh jinawi mirah sandhang papan lan pangan saha makmur sedaya masyarakatipun.
Dhuh Gusti ingkang maha Wicaksana
Sekedhap malih kelas 9 badhe nglampahi Ujian Nasional mugi mugi sedaya saged lulus kanti nilai ingkang ngremenaken lan saged nerusaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil  


Dhuh Gusti Allah  mugi panjenengan paringi kesabaran ingkang cekap, lan panjenengan paringi kekiyatan ingkang ageng wonten salebeting ngayahi sedaya ayahan kita.
Ya Allah ampun panjenengan pikulaken dhumateng kula sedaya, bebendu, kados panjenengan sampun pikulaken dhumateng tiyang – tiyang ingkang ngrumiyini kita.

Dhuh Gusti ingkang maha Agung
Mugi Panjenengan paringi kita umur ingkang panjang, panjenengan paringi sehat lahir lan batin, panjenengan dadosaken sae sedaya amalan kita ugi panjenengan jembaraken rejeki kita sedaya. Ya Allah ya Rab, panjenengan cela`aken kita sedaya  wonten tindak kebecikan, lan panjenengan tebihaken kita sedaya saking tindak kejahatan.
Dhuh Gusti ingkang maha kuwaos…
panjenengan kabulaken sedaya tujuwan gesang kula ingkang sae, semanten ugi tujuan sak sampunipun pejah kula. Ya Allah ya karim, namung panjenengan ingkang saged angabulaken sedaya panyuwunan abdi-abdi panjenengan ya Allah,.. panjenengan ijabahi sedaya hajat kula, sae menika hajat wonten agami, hajat ndunya, lan hajat wonten ing akhirat samangke.
رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ
. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِين


1 komentar:

luvne.com resepkuekeringku.com desainrumahnya.com yayasanbabysitterku.com