Selasa, 02 Juni 2015

Rafting Dwija Basa Jawa Kabupaten Magelang

     Dwija basa Jawa Kabupaten Magelang ngadani kegiyatan rafting wonten ing Kali Elo dinten kemis, 29 Mei 2015. kegiyatan punika diadani kangge mungkasi kegiayatan Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) Basa Jawa SMP wonten ing tahun pelajaran 2014/2015.
     Rafting ing Kali Elo tebihipun kirang langku 12 km kigiyatan dipunwiwiti tabuh 09.00 WIB saking Blondo lan dipunpungkasi tabuh 13.00 WIB wonten ing Mendut.
     Saderengipun para Dwija Basa jawa kempal wonten ing Kampung Ulu, Blabag, Magelang kangge koordinasi lan konfirmasi peserta rafting.
Alhamdulilla rafting saged lumampah kanthi lancar, para Dwija ingkang dereng nate ndherek rafting saderengipun kalampahan sami ajrih saha dheg-dhegan, ananging sasampunipun kalampahan para Dwija sampun mboten ajrih malih. Kali elo dipunpilih kangge kegiyatan penutupan MGMP Basa jawa amargi kathah Dwija ingkang dereng nate ndherek rafting punika, saha kangge  nyengkuyung wisata lokal Kabupaten Magelang. Kangge mrisani photo-photo kegiyatan punika Klik wonten ing mriki.

0 komentar:

Posting Komentar

luvne.com resepkuekeringku.com desainrumahnya.com yayasanbabysitterku.com