UNTUK MELIHAT FOTO LENGKAP KLIK DISINI
Gunung Tidar mapan wonten ing Kota Magelang, kangge refresing para guru saha karyawan SMP Negeri 2 Kaliangkrik tindak dhateng Gunung Tidar, kegiyatan punika kalampahan dinten Selasa 16 Juni 2015 tabuh 10.00WIB ngantos tabuh 14.00 WIB, sasampunipun kunjungan ndhateng Gunung tidar penulis pikantuk carios asal muasal makam ky. Tombak Panjang lan Gunung Tidar.
Critane Makam Kyai Tombak Panjang ora bisa uwal karo critane asal-usule Gunung Tidar. Tegese critane ana sambung rapete utawa gandheng cenenge karo dumadine Gunung Tidar. Dhek jaman prasejarah, manut dedongengane Pulo Jawa sing saiki. Kena diarani ana satengahe samodra kidul. Saben dina ketrajang ombak alun gedhe ngedab-edabi. Saben ketrajang ombak alun gedhe pulo Jawa goncang utawa tansah goyang. Suwe-suwe mbaka sithik, pulo Jawa geser mengalor. Jaman semana pulo Jawa saperangan isih awujud alas gung liwang-liwung kebak ri bebondhotan, dadi keratone para jin, gendruwo, lelembut lan makhluk alus liyane.
Gunung Tidar mapan wonten ing Kota Magelang, kangge refresing para guru saha karyawan SMP Negeri 2 Kaliangkrik tindak dhateng Gunung Tidar, kegiyatan punika kalampahan dinten Selasa 16 Juni 2015 tabuh 10.00WIB ngantos tabuh 14.00 WIB, sasampunipun kunjungan ndhateng Gunung tidar penulis pikantuk carios asal muasal makam ky. Tombak Panjang lan Gunung Tidar.
Critane Makam Kyai Tombak Panjang ora bisa uwal karo critane asal-usule Gunung Tidar. Tegese critane ana sambung rapete utawa gandheng cenenge karo dumadine Gunung Tidar. Dhek jaman prasejarah, manut dedongengane Pulo Jawa sing saiki. Kena diarani ana satengahe samodra kidul. Saben dina ketrajang ombak alun gedhe ngedab-edabi. Saben ketrajang ombak alun gedhe pulo Jawa goncang utawa tansah goyang. Suwe-suwe mbaka sithik, pulo Jawa geser mengalor. Jaman semana pulo Jawa saperangan isih awujud alas gung liwang-liwung kebak ri bebondhotan, dadi keratone para jin, gendruwo, lelembut lan makhluk alus liyane.
Kacarita para dewa ing kahyanganprihatin nguwatirake kahanan puloJawa kang saya suwe gesermengalor, mula para dewa nganakake parepatan.
Gancaring crita para dewa lan sabregada bala prajurit kahyangan tumurun marca pada padha njujug pulo Jawa. Supaya ora oyag para dewa lan prajurite ngenciki pulo Jawa sisih kulon satemah njomplang mangulon amarga abot sisih kulon.
Gancaring crita para dewa lan sabregada bala prajurit kahyangan tumurun marca pada
padha njujug pulo Jawa. Supaya ora oyag para dewa lan prajurite ngenciki pulo Jawa sisih kulon satemah njomplang mangulon amarga abot sisih kulon. Wusana saperangan pindhah mancik pulo Jawa sisih wetan, ananging tetep ora imbang(njomplang).
Tetunggule para dewa banjur golek rekadaya kanthi cara pusere utawa tengah-tengahe ditancepake paku kang kuat. Kadherekake bala prajurite tetunggule dewa turun ing ngarca pada. Tinemu pusere pulo Jawa awujud alas gung liwang-liwung dadi kedhaton para jin. Alase isih angker lan wingit, ora ana manungsa kang wani ngambah, paribasan jalma mara mati, yen nganti ana manungsa wani mlebu alas mesthi mulih tanpa aran. Ratu Jin kang nguwasani alas kono jenenge Kyai Semar. Dudu semar punakawan ing crita pewayangan.
Nalika semana kedhatone para Jin suwung ditinggal rapat ing Gunung Merapi. Para dewa anggone nancepake paku dadi gampang tanpa ana rubeda. Paku ditancepake jerone nganti tekan pusere bumi, ewasemana paku isih mecungul dhuwure atusan meter. Sawise pulo Jawa anteng wis ora gesera ngalor ngidul para Dewa lan prajurite padha kundur ing kahyangan.
Sapungkure
para dewa lemah ing kiwa tengene paku padha bengkah mecungul ndhuwur, suwe-suwe
nganti tambah amba lan dhuwur nganti nutupi paku. Punthukan lemah kang mbuntel
paku saya dhuwur lan amba nganti awujud kaya gunung, dijenengke Gunung Tidar.
Kyai
Semar ratune Jin sak balane meruhi keratone mundhak apik lan dhuwur dadi senenge amarga luwih aman gampang
ngawasi samangsa ana mungsuh saka ngisor.
Raja
kerajaan Rum ing Turki, krungu kabar yen ing pulo Jawa ana kratone Jin mapan
ing Gunung Tidar, Raja Rum kepengin mbukak alas Gunung Tidar sak kiwa tengene
kanggo pemukiman para bangsawan lan kawulane. Syeh Bakir lan Syeh Jangkung
kapilih minangka utusan kanthi kadherekake pitung pasang kawulane iku mengkone
bisa ngrembaka tangkar tumangkar ana ing Gunung Tidar.
Kyai
Semar ratune Jin ora nrimakake kratone diacak-acak bangsa Turki. Kyai Semar
golek cara lan akal sarana nyebar wabah penyakit, wusanane pitung pasang kang
ndherekake Syeh Bakir lan Syeh Jangkung ketrajang lara ndadak padha mati. Syeh
Bakir lan Syeh Jangkung sedhih, rumangsa gagal. Wusana semedi laku tapa lawase
patang puluh dina patang puluh wengi nyuwun pituduhing Gusti. Ngancik dina kang
kaping 39 Syeh Bakir lan Syeh Jangkung ditemoni Kyai Semar diprentah kudu ninggalake Gunung Tidar. Yen
ora gelem bakal disirnakake. Rumangsa kalah kekuatan mung kari wong loro lan
kanggo nylametake jiwane Syeh Bakir lan Syeh Jangkung bali menyang Kerajaan
Turki.
Raja
Rum sawise nampa palaporan saka Syeh Bakir lan Syeh Jangkung sedhih penggalihe.
Atine penasaran lan gedhe tekade kudu bisa ngrebut Gunung Tidar.
Raja
Rum dhawuh marang Syeh Bakir bali menyang Gunung Tidar nggawa gaman Kyai Tombak
Panjang. Welinge sawise tekan Gunung Tidar supaya ditancepake ing persis ana
pucuking gunung. Tindake Syeh Bakir kanthi kadherekake patang puluh pasang
lanang wadon kang bakal tangkar ana Gunung Tidar.
Gandheng
nggawa rombongan akeh, supaya ora dimangerteni para Jin, Syeh Bakir golek cara.
Saperangan pandhereke diudhunake utawa “Diturunkan” ing sawetane Gunung Tidar.
Mula papan mau dijenengake Desa Trunan. Dene Syeh Bakir lan saperangan
pendhereke nyusup dhedhemitan ing perenge Gunung Tidar.
Lakune
Syeh Bakir slamet tekan pucuking Gunung Tidar. Kanthi ngucapake mantra-mantra
lan dedonga, Kyai Tombak Panjang bisa katancepake tanpa ana rubeda. Sabanjure
Syeh Bakir mudhun ing perenge Gunung Tidar, nunggu karo ngawasi ana kedadeyan
apa sawise Kyai Tombak Panjang tumancep. Kocapa ora antara suwe, saka
sela-selane lemah Gunung Tidar katon kumeluk
metu kebule. Hawane dadi panas awit saka dayane Kyai Tombak Panjang kang ampuh
lan sakti.
Kyai
Semar lan bala prajurite para Jin, padha kepanasen, rasane uripe kasiksa. Kabeh
padha bubar mawut, mencar mlayu golek aman. Kyai Semar lan saperangan prajurite
mlayu tumuju Gunung Merapi, saperangan mlayu tumuju Alas Roban lan saperangan
tumuju Gunung Srandhil. Kepara akeh sing padha mati amarga ora kuwat nandhang
panase.
Gunung
Tidar wis aman, para prajurite Syeh Bakir sing ana desa Trunan njur boyongan
tumuju Gunung Tidar padha mangun desa, urip gotong royong ayem tentrem. Tangkar
tumangkar nganti anak putu, urip bebrayan mujudake masyarakat kang rukun. Dirasa wis aman, supaya ing Gunung
Tidar hawane adhem sejuk, oleh wangsite Gusti, Syeh Bakir kudu njabut Kyai
Tombak panjang saka pucuking Gunung Tidar. Sakala Gunung Tidar hawane adhem
sejuk rasane seger. Dhawuhing Gusti kang katampa sajroning wangsit, Syeh Bakir
kadhawuhan ngubur utawa makame Tombak Panjang, kaya dene makame manungsa. Papan
panggonan pangubure Tombak Panjang dijenengke Makam Kyai Tombak Panjang.
(Kabesut sawetara, Kapethik saka :
Pustaka Candra Vol.25 No 5 Agustus 2006.)
UNTUK MELIHAT FOTO LENGKAP KLIK DISINI
UNTUK MELIHAT FOTO LENGKAP KLIK DISINI
0 komentar:
Posting Komentar